Sugeng Rawuh

Sugeng rawuh wonten ing Oret-oretan kulo puniko, pramilo panjengengan kagungan wekdal... sumonggo dipun presani Artikel ingkang wonten Blog kulo meniko. Mugi-mugi saged ndadosaken pangiling-iling, pituduh, lan dadoso koco benggolo kagem gesang kito sedoyo.

Rabu, 08 Desember 2010

Pocung

Thole Kuncung,
lamun sira ngudi ngelmu,
ja pisan sembrana,
awit ngelmu migunani,
tanpa iki uripmu bakal rekasa.
Wit wong sepuh,
ingkang wus bodho kebacut,
anane mung pasrah,
ora bisa anggetuni,
marga ngerti getun mburi tanpa guna.
Anak putu,
ora kena melu-melu,
dadi wong kluyuran,
awit marakake lali,
gaweyanmu kudu rampung saben dina.
Disinau,
awak aja nganti ngelu,
amrih kabeh lancar,
mula kudu ngati-ati,
saben dina ulah raga dimen kuwat.
Lamun esuk,
aja pisah wegah wungu,
banyu aneng njangan,
iki pituduh sayekti,
iku lamun dipun udi apik tenan.
Pancen kudu,
solah tingkah ingkang cakut,
jangkahmu sih amba,
golek mulya jaman mangkin,
isih akeh idham-idhaman ingkang mulya.
Yekti kojur,
uwong bodho kaya aku,
sasat lawe klasa,
aji godhong jati aking,
eman-eman yen urip ditinggal jaman.
Rumangsamu,
apa jaman ora maju,
iki kudu tanggap,
ngelmu perlu kanggo urip,
pawitan kang tanpa tandhing ajinira.

Kapethik saka buku Warisan, Geguritan Macapat,
karyane Suwardi, weton Balai Pustaka, 1983.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar